Pacelathon asale sekang tembung lingga celathu sing tegese omongan utawa
guneman. Pacelathon yakuwe guneman antarane wong siji lan sijine, bisa wong loro,
telu, utawa luwih kang lagi rembugan sawijining bab.
Pacelathon kuwe biasane katindakake dening: bocah cilik karo bocah
cilik,bocah cilik karo bocah sing wis diwasa, bocah cilik karo wong tuwa, diwasa
karo diwasa, wong tuwa karo diwasa, wong tuwa karo wong tuwa, anak karo wong
tuwa, siswa karo guru, lan liya-liyane.
Basa sing degunakake nalika pacelathon umpamane:
- Bocah cilik karo bocah cilik ( ngoko lugu)
- Diwasa karo diwasa (ngoko lugu)
- Diwasa karo sepuh ( krama alus)
- Wong tuwa karo wong tuwa ( krama alus/ ngoko alus), lan sapiturute.
Budi pekerti sing kudu degatekna nalika lagi pacelathon, antarane:
- Guneman ora waton guneman, ningen guneman kudu nganggo waton/ aturan.
- Ngadege, lungguhe, obahe tangan uga kudu nganggo waton.
- Swarane, banter lirihe becik nganggo waton.
- Polatan ( pasuryan ) uga nganggo waton.
- Intonasi (dhuwur endhepe swara) uga nganggo waton, ora kudu nggero-nggero.
Dadi budi pekertine wong guneman lan tumindak apa bae, apike eling
marang empan papan.
Coba gatekna banjur wacanen kanthi intonasi sing trep tuladha pacelathoning ngisor iki!
- Pacelathon Mertamu ( Ragam krama alus lan Ngoko alus)
Ani : “Assalamu alaikum…., assalamu alaikum…, kula nuwun Pak.. Bu…?”
Ibu Dewi : “Wa alaikum salam.., eh.. Mbak Ani.., mangga pinarak !”
Ani : “Inggih Bu Dewi…, maturnuwun, pangapunten mbok menawi ngganggu
Ibu saweg lelenggahan.”
Ibu Dewi : “ Ora …ora kok, wong mung lagi santai karo nonton tivi.”
Ani : “ Nuwun sewu Ibu, kula sowan dhateng dalem panjenengan amargi kala
wingi kula maos wonten selebaran poster, menawi samenika dipunbikak
pendaftaran les tari wonten sanggar tari ibu, menapa leres informasimenika Bu?”
Ibu Dewi : “Oh..ya..ya..bener banget Mbak, Ibu mbukak maning pendaftaran tahap 2,
kae wis mulai ana sing ndaftar.
Ani : “Nuwun sewu, persyaratane menapa kemawon nggih Bu?” Kula
kepengin tumut les nari menika, supados gadhah keprigelan teng
babagan seni, mliginipun seni tari, Bu..”
Ibu Dewi : “Persyaratan pendaftaran ora angel-angel, mung ngisi formulir karo
ngumpulna foto copy identitas diri, bisa kartu pelajar uga bisa KTP. Ibu
salut karo bocah-bocah enom sing minat lan duwe kepenginan nyinauni
tarian tradhisional Mbak….sip!!.”
Ani : “Inggih Bu, kula rumaos remen kaliyan kesenian tari, mliginipun tari Jawa
lan tradhisional. Tarian ingkang dipungladhi menapa kemawon bu?”
Ibu Dewi : “ Akeh Mbak…, ana tari Gembira, tari Lilin, tari Rumeksa, tari Candhik
Ayu, tari Kidang, tari Geyol Denok, lan liya-liyane.
Ani : “ Ooo nggih Bu…alhamdulillah..dados mangke saged nyinauni pinten[1]pinten tarian nggih?”
Bu Dewi : “Bener banget kuwe, kiye formulire, diisi ya Mbak…, dina Minggu ngesuk
mulai tindak neng sanggar…bareng-bareng karo kanca batir gladhi nari
Jawa, kanggo nguri-uri budaya Jawa sing adhi luhung.”
Ani : “Inggih Bu, matur nuwun sanget, insha Allah dinten Minggu kula pangkat
kalih mbekta foto copy kartu pelajar. Nuwun sewu kula kinten cekap
semanten, kula nyuwun pamit. Assalamu alaikum warahmatullohi
wabarakatuuh.”
Ibu Dewi : “ Ya Mbak padha-padha, wa alaikum salamwarahmatullohi
wabarakatuuh.”
2. Pacelathon Atur atur
Jupri : “Assalamualaikum … kulanuwun!
Habib :”Wangalaikumussalam. Ooo … Kang Jupri. Mangga Kang mlebet rumiyin. Mriki lenggah.”
Jupri : “Maturnuwun pak. Nuwunsewu, niki enjing-enjing sampun sowan.”
Habib ;”Boten dados menapa kang.” Saking dalem kemawon kang Jupri? Ngaturi priksa sugeng?
Jupri :”inggih saking griya kemawon, Alhamdulillah pangestunipun, sak konduripun bapak Habib
sak keluwarga sami sugeng?
Habib :”Alhamdulillah sami wilujeng sedaya, wonten wigati menapa panjenengan tindak ngriki?”
Jupri :”Nuwunsewu kepareng matur sesampunipun pinanggih wilujeng, sowan kula wonten ngriki ingkang sepisan silaturahim, ingkang kaping kalihipun, wigatosipun sowan kula amargi dipun pidatos kaliyan pak hasbullah, bilih panjenengan dipunaturi rawuh wonten dalemipun pak hasbullah saperlu lenggah kenduren dene wekdalipun inggih menika tabuh/jam 09.00 enjing wonten dalemipun Pak Hasbullah. Mekaten atur kula, mbok menawi wonten kalepatan atur kula nyuwun pangapunten.
Habib :”inggih kang atur panjenengan kula tampi. Dipun aturaken kalihan pak Hasbullah, kula ngaturaken agunging panuwun lan mugi-mugia boten wonten alangan satunggal napa, saenggo kulo saged sowan.
Jupri :”inggih pak mangke kula aturaken dhumateng penjenenganipun, awit taksih kathah jejibahan ingkang dereng cekap, pramila kula badhe nyuwun pamit. Mbok bilih anggen kula matur kathah kalepatan lan kurang subasita, kula nyuwun agunging pangapunten. Keparenga kula nyuwun pamit, badhe nglajengaken lampah.
Habib :” inggih kang nderekaken
Jupri : Assalamualaikum……………………